Kamis, 05 April 2012

Ra Uwis Uwis

Wektu iku Bos perusahaan gedhe lan terkenal nyeluk sekretaris e banjur ngomong, 'sesuk meeting ng luar kota yo, cepakke opo-opo sing
dibutuhke!'
Karo siap-siap, sekretaris iku mau telpon bojone, 'sesuk aq dinas luar kota, jaga rumah baik2 ya, mas.'
Sang suami langsung telpon
selingkuhan e, 'bojoku sesuk dinas luar kota, kowe duwe wektu ra?'
Selingkuhan e ngomong nang murid e sing lg dikursus, 'Nak, besok ibu repot, kursus diliburkan ya.'
Bocah kursus iku banjur matur karo Mbah Kakung e, 'Mbah Kung, sesuk kursusku libur, mancing yo, Mbah.'
Mbah kakung iku bos perusahaan tkenal nyeluk sekretaris e banjur ngomong, 'sesuk ra sido meeting luar kota yo, putuke ngajak mancing.'
Sekretaris iku telpon bojone, 'sesuk aq ra sido dinas luar kota, mas.'
Sang suami cepet-cepet telpon selingkuhan e, 'bojoku sesuk ra sido dinas luar kota, ojo mrene!'
Selingkuhan e ngomong karo murid e sing lagi dikursus, 'Nak, besok tetep kursus ya, ibu ga jd repot.'
Bocah kursus iku langsung telpon Mbah Kakung e, 'Mbah Kung, kursus kulo mboten siyos prei.'
Mbah kakung sang bos perusahaan tkenal iku nyeluk sekretaris e banjur ngomong, 'sesuk sido meeting neng luar kota yo, cepakke opo2 sing dibutuhke!'
Sinambi nyiapke ubarampe meeting, sekretaris iku telpon bojone, 'sesuk aq sido dinas luar kota, jaga rumah baik-baik ya, yang.'
Sang suami telpon selingkuhan e, 'bojoku sesuk sido dinas luar kota, sesuk mrene yo?'
Selingkuhan e ngomong karo murid e sing lagi dikursus, 'Nak, besok kursus jadi diliburkan ya.'
Bocah kursus iku lgsg telpon Mbah Kakung e yoiku Bos.....

*uwis yo, critane dho terusne dhewe-dhewe. Jempolku wis pegel leh ngetik!!!*
(sumber cerita : konco seko kancane kancaku sing duwe konco)